Unordered List

Tips Mudik Lebaran 2013

 on Minggu, 04 Agustus 2013  

Kanggo bolo bolo gasud.com sing khusus nang luar kota utowo nang luar negeri sing penting gak nang luar angkasa, iki enek tips mudik labaran 2013. Mugo mugo ae 12 tips iki iso bermanpangat kanggo kabeh sopo wae sing moco iki, sepisan maneeeh tips iki PENTING kanggo pemudik lan pengendara kendaraan sing mlakune nang ratan dudu sing nang laut utowo sing nang awang awang. Wis langsung wae iki ndang di woco yo Jum, ben g sah kesuwen, iki nyoooh selusin tips sing pancen Bukan Gagal maksud :

1. Pastek'no disek kowe kudu duwe kendaraan. Ra usah nekat nyolong mtor opo maneh sampek konangan sing duwe, ujung ujunge malah ra sido mudik, malah ndekem nang kantor polisi ra iso mangan kupat kowe Mbuuol......

2. Ban e itungen disek, jumlahe sik genep loro opo ora, nek mung siji kuwi sepeda e badut, nek telu kuwi becak utowo bajaj, nek papat berarti kowe numpak angkot, nek ra enek ban e berarti numpak prau, nek ra enek apa2ne berarti mlaku suuuuuu.

3. Rem dicek. Ra sah nekat ngerem nganggo sepatu/sandal neng aspal. eman2 aspale nek rusak, lagi tas didandani winginane karo dinas PU nyeeeet.

4. Cek rante karo gir e iseh ono po ra, sopo weruh wis amblas dicolong cah SMA dinggo senjata tawuran nang ratan ngono kae.

5. Cek lampu ngarep nggo masti'no dudu lampu senter seng dipasang. opo maneh nekat nganggo damar utowo ublik. mudik iki broo... uduk kelayapan....

6. Sepiyon yo jo nganti lali dicek digawe ngoco mburimu pas perjalanan mudik. Ojo koco rias sing digowo, opo maneh sak mejone, abot gowone blok!!

7. Kudu nganggo helem SNI. Sing kerjo neng proyekan, muleh mudik ra sah pamer nganggo helm karyawan proyek seng werno ne kuning2 kuwi, mambu rambut sing penguk sisan, kakean lengo orang aring xixixixi...

8. Nggowo barang barange seng ringkes trus sing penting penting ae. Barang2 koyoto kasur, tabung gas elpiji, meja komputer, raket nyamuk, opo meneh anak kucing, kurungan ayam ra usah digowo...ngebak2i kendaraanmu jum!!

9. Masang kecepatan rata rata 40-70km/jam ae. Ra usah ngebut badai sampek 120-180km/jam koyo valentino rossi ae, yen kebanteren kecepeten teko ngomah paling yo dikongkon ngewangi mbok'e ngudek madumongso neng pawon, nek ra ngono dikongkon gae apem dinggo malem riyoyo. Nyonyor boyokmu ji.

10. Pas neng ndalan ki bersikaplah sewajare ae, ra sah lebay atraksi cul setir, ngadek neng jok utowo ngangkat2 ban ngarep trs koprol sambil bilang WOW gtu...malah koyo wong pekok kowe run.

11. Jo lali ndungo sek ben slamet neng perjalanan lan slamet sampek tujuan neng kampung... ojo dungone mangan tok ae sing diapalne ket jman TK nganti saiki. Akeh tunggale ngono kuwi Sum!!

12. Duwe kampung ora?
Engko wis kadung packing2 neng mtor, ra eruh e kampunge tonggo ?? Mubazir mas brooo........

Wis ngono ae tips mudi riyoyo kanggo tahun 2013 iki, mugo mugo podo slamet teko kampunge dewe dewe ben iso ngumpul karo keluargo, tonggo lan konco.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

>>> Please do not use anonymous ....
>>> Berikan data anda dengan benar.....
>>> Berikan komentar anda sebagai bukti bahwa anda adalah pengunjung dan bukan robot......
>>> Komentar ANONIM tidak akan ditanggapai oleh admin......
>>> Sorry, Admin will not respond to anonymous comments are not clear. so thank you

Diberdayakan oleh Blogger.
J-Theme