
Sardot : "ayo.. ayo.. bapak-bapak, ibu-ibu, mas, mbak, rene-rene, Iki ono VCD anyar dangdut koplo.. Penyanyine wedok ngawur.. Nganti mic-e dilebokno neng ......"
Sodron : "..TENGGOROKAN gatel
iku tandane sampeyan panas dalam.. iki ono obate neng kene.. carane ngombe
gampang.. obat iki diseduh,njuk di ...."
Sardot : "..GOYANG BADAK
pancen top.. Karo nyanyi nyambi nyruduki pemain musik-e,. Sakliyane kuwi ono
maneh sing jenenge goyang ........"
Sodron : "...AMBEIEN,
tedun,pokoke mari kabeh ngombe obat iki.. nek ra percoyo takono karo
........"
Sardot : "..ARIEL mantan
peterpan nggawe band anyar jenenge NOAH.. iki wes metu VCDne.. Lagune
enak-enak.. iso marai ......"
Sodron : "..SIRAH NGELU, mumet
separo,mumet seprapat, Pokoke bablas kabeh... Nek urung mari berarti sampeyan
kudu ......."
Sardot : "...CAMPURSARIAN 24
JAM pancen gayeng tenan VCDne.. dirungok ke awan-awan sinambi ......"
Sodron : "..DICOKOT ULO,
kolojengking, opo kelabang, ojo kuatir.. gari diolesi obat iki neng
........"
Sardot : "..NJERO ATI tansah keloro-loro
yen krungu lagune DIDIK ........"
Sodron : "..KENYOT wae obate,
amargo empuk koyo permen.. kanggo bocah cilik sing pengen pinter,iki ono
........"
Sardot : "..GENDERUWO, pocong,
kuntilanak, lan kanca-kancane ketok kabeh neng film iki.. dijamin marai
sampeyan ........"
Sodron : "KADASEN, panuen,
gudiken, luntur kabeh.. dijamin kulitmu dadi mulus maneh koyo .........."
Sardot : "..DINOSAURUS,
kancil, gajah lan dongeng-dongeng liyane ugo ono VCDne neng kene.. mulakno
menowo Bapak Ibu sayang kalih anak,monggo ditumbas......."
Sodron : "..TANGKUR BOYO iki
khasiate kanggo wong lanang ben perkasa,. Kuat awan bengi macul bojone.. Wah
dijamin bojone sampeyan klenger lan njaluk ......."
Sardot : "..NAIK-NAIK KE
PUNCAK GUNUNG, balonku ada 5, naik delman, ulang tahun lan lagu anak-anak
liyane ono komplet neng kene.. cocok kanggo putra putri bapak ibu sing lagi
......."
Sodron : "HAID KURANG
LANCAR??, Ojo kuatir mbak, iki ono obat alami men tuntas lan ......."
Sardot : "..AJUR MUMUR penjahate
diajar lakone, wah.. iki film action paling dahsyat taun iki.. Ojo ngasi
kentekan.. ayo rene.. podho tuku VCDne.. Yen oro tuku bakal keno ........"
Sodron : "..TUMOR, kanker lan
penyakit dalam liane mugo-mugo mari amargo...SATPOL PP !!"
Sardot : "HAH !! AYO KABUUUR DROONN!!"
lanjut luuurrr......... jangan tanggung2 kalau buat blog, syukur bisa jadi penghasilan, hilangkan asesoris yang tidak perlu
BalasHapusheheheeee... mantab juga usul sarannya pean luuur... heheheeee
HapusNgakak abissss
BalasHapus