Sabtu, 27 Oktober 2012

Podo Ngawur Kabeh - Ngakak e


Gasud.com, awan iku neng ngarep pasar, Sardot karo Sodron bukak lapak neng pinggir dalan, tapi wong 2 kuwi podho saingan olehe nawakke dagangane...... Sardot adol VCD bajakan, neng jejere ono Sodron sing adol OBAT.

Sardot : "ayo.. ayo.. bapak-bapak, ibu-ibu, mas, mbak, rene-rene, Iki ono VCD anyar dangdut koplo.. Penyanyine wedok ngawur.. Nganti mic-e dilebokno neng ......"

Sodron : "..TENGGOROKAN gatel iku tandane sampeyan panas dalam.. iki ono obate neng kene.. carane ngombe gampang.. obat iki diseduh,njuk di ...."

Sardot : "..GOYANG BADAK pancen top.. Karo nyanyi nyambi nyruduki pemain musik-e,. Sakliyane kuwi ono maneh sing jenenge goyang ........"

Sodron : "...AMBEIEN, tedun,pokoke mari kabeh ngombe obat iki.. nek ra percoyo takono karo ........"

Sardot : "..ARIEL mantan peterpan nggawe band anyar jenenge NOAH.. iki wes metu VCDne.. Lagune enak-enak.. iso marai ......"

Sodron : "..SIRAH NGELU, mumet separo,mumet seprapat, Pokoke bablas kabeh... Nek urung mari berarti sampeyan kudu ......."

Sardot : "...CAMPURSARIAN 24 JAM pancen gayeng tenan VCDne.. dirungok ke awan-awan sinambi ......"

Sodron : "..DICOKOT ULO, kolojengking, opo kelabang, ojo kuatir.. gari diolesi obat iki neng ........"

Sardot : "..NJERO ATI tansah keloro-loro yen krungu lagune DIDIK ........"

Sodron : "..KENYOT wae obate, amargo empuk koyo permen.. kanggo bocah cilik sing pengen pinter,iki ono ........"

Sardot : "..GENDERUWO, pocong, kuntilanak, lan kanca-kancane ketok kabeh neng film iki.. dijamin marai sampeyan ........"

Sodron : "KADASEN, panuen, gudiken, luntur kabeh.. dijamin kulitmu dadi mulus maneh koyo .........."

Sardot : "..DINOSAURUS, kancil, gajah lan dongeng-dongeng liyane ugo ono VCDne neng kene.. mulakno menowo Bapak Ibu sayang kalih anak,monggo ditumbas......."

Sodron : "..TANGKUR BOYO iki khasiate kanggo wong lanang ben perkasa,. Kuat awan bengi macul bojone.. Wah dijamin bojone sampeyan klenger lan njaluk ......."

Sardot : "..NAIK-NAIK KE PUNCAK GUNUNG, balonku ada 5, naik delman, ulang tahun lan lagu anak-anak liyane ono komplet neng kene.. cocok kanggo putra putri bapak ibu sing lagi ......."

Sodron : "HAID KURANG LANCAR??, Ojo kuatir mbak, iki ono obat alami men tuntas lan ......."

Sardot : "..AJUR MUMUR penjahate diajar lakone, wah.. iki film action paling dahsyat taun iki.. Ojo ngasi kentekan.. ayo rene.. podho tuku VCDne.. Yen oro tuku bakal keno ........"

Sodron : "..TUMOR, kanker lan penyakit dalam liane mugo-mugo mari amargo...SATPOL PP !!"

Sardot : "HAH !! AYO KABUUUR  DROONN!!"

3 komentar:

  1. lanjut luuurrr......... jangan tanggung2 kalau buat blog, syukur bisa jadi penghasilan, hilangkan asesoris yang tidak perlu

    BalasHapus
    Balasan
    1. heheheeee... mantab juga usul sarannya pean luuur... heheheeee

      Hapus

>>> Please do not use anonymous ....
>>> Berikan data anda dengan benar.....
>>> Berikan komentar anda sebagai bukti bahwa anda adalah pengunjung dan bukan robot......
>>> Komentar ANONIM tidak akan ditanggapai oleh admin......
>>> Sorry, Admin will not respond to anonymous comments are not clear. so thank you